Ing
satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih.
Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados Bawang Putih
tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng
kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah.
* Dinten enjing
Bawang
Putih : Enjing
bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu
Kandung : Alhamdulillah lumayan.
Bawang
Putih : Napa
Ibu purun kula ndamelaken bubur?
Ibu
Kandung : Nggih anakku ...
Bawang
Putih : Nggih
bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu
Kandung : Iya sayang ...
Bawang
Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados, Bawang
Putih teras wonten kamar ibune.
* Wonten kamar
Bawang
Putih : Niki
bu buburipun sampun dados.
Ibu
Kandung : Matur nuwun anakku.
Bawang
Putih : Enakkan
bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu
Kandung : Inggih nak, enak tenan.
* Dina sesuke
Bawang
Merah : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang
Putih : Wa’alaikum
salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.
Bawang
Merah : Iya, Ibumu ana?
Bawang
Putih : Wonten,
niku seg wonten kamar.
Bawang
Merah : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang
Putih : Nggih,
monggo tak terke.
* Tekan wonten kamaripun ibu
Bawang
Putih : Bu,
niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang
Merah : Nggih bi ...
Ibu
Kandung : Mriki Merah, Putih lenggah
Bawang
Merah : Nggih ...
lan
Bawang
Putih
Bawang
Merah : Bu, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.
Ibu
Kandung : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang
Merah : Nggih bi ...
Bawang
Putih : Bu,
kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.
Ibu
Kandung : Wa’alaikum salam
lan
Bawang
Merah
* Sak lajengipun maem bubur saking
Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal.
Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang
lan ngabarake meng ibune.
Bawang
Merah : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu
Tiri : Wah
tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu). Akhire mati ...
Bawang
Merah : hahahaha ...
Ibu
Tiri : Ngko
tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe loh!
Bawang
Merah : Sip bu ....
* Bawang Putih wangsul saking ngumbaih
wonten kali
Bawang
Putih : Assalamu’alaikum,
Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu
kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..
Bawang
Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.
* Ing telfon
Bawang
Putih : Pak
.. Bapak cepet wangsul
Bapak : Wonten
napa sih Bawang Putih?
Bawang
Putih : Niku
pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak : Innalillahi,
Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang
Putih : Wa’alaikum
salam ...
* Bapakipun Pawang Putih sampun dugi
wonten umah.
Bapak : Putih,
ibu pundi?
Bawang
Putih : (karo
nangis) Niku pak wonten kamar.
Ibu
Tiri : Putih,
kito turut belasungkawa ya ...
Bawang
Putih : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang
Merah : (nangis)
lan
Ibu Tiri
* Sakwise pirang wulan, akhire bapak
Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng
Bawang Merah lan ibu tirine.
Bapak : Putih,
sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya kaliyan
Bawang Merah?
Bawang
Putih : Nggih
pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah dados mba’e
Putih.
Bawang
Merah : Iya rayiku ...
* Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga.
Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah
amarga bisa nyiksa Bawang Putih.
Bawang
Putih : Yuk
mba, kito masak sareng-sareng!
Bawang
Merah : Hah, ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak, nggawe
tanganku kotor bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih).
* Bawang Putih meng dapur karo mikir
omongane Bawang Merah. Sakwise masakipun dados, Bawang Putih nyajikna nang meja
makan.
Ibu
Tiri : Iki
masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang Putih).
* Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.
Bapak : Assalamu’alaikum
...
* Ibu tiri kaget krungu suara Bapak
ngucap salam.
Ibu
Tiri : Bawang
Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang
Putih : Nggih
bu ...
Ibu
Tiri : Awas
kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak : Ana
apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu
Tiri : Iki
pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan Bawang
Putih?
Bawang
Putih : Nggih
pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya
wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...
Ibu
Tiri : Bapak
purun didamelaken kopi?
Bapak : Nggih
bu ...
* Ibu nggawe kopi
Ibu
Tiri : Niki
pak kopinipun.
Bapak : Matur
nuwun bu.
* Dina sesuke
Ibu
Tiri : Pak,
niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak : Ya
wis, mangke Bawang Putih tak omongi.
* Bapak nemoni Bawang Putih
Bapak : Putih,
mriki kandani
Bawang
Putih : Napa
pak?
Bapak : Jere
ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana
Bapak?
Bawang
Putih : (mukur
meneng)
Bapak : Deneng
ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang
Putih : (mukur
temungkul karo nangis)
Bapak : Putih!!!
(nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang
Putih : Bapak
... Bapak kenging napa pak?
Ibu
Tiri : Putih,
kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh gawa Bapak
meng kamar?
* Sakwise pirang wulan, amarga ibune
kesel ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo
obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang bapak.
* Wonten kamaripun bapak
Bawang
Putih : Pak,
niki kula mbetoaken obat.
Bapak : Iya,
matur nuwun Putih.
Bawang
Putih : Nggih
pak ...
* Sakwise ngumbe obatipun, bapak
kejang-kejang.
Bawang
Putih : Pak,
Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...
Bawang
Merah : Bapak, Bapak kenging napa?
lan
Ibu Tiri
Ibu
Tiri : Putih,
kowe ngapakna Bapak?
Bawang
Putih : Putih
mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sakwise
bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang
Merah.
* Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel
Bawang
Merah : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing
bersih, ora ana sing ngumbaih apa bu?
Ibu
Tiri : kowe
nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang
Merah : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu
Tiri : Ndi
ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor
kabeh, klambine ibu ya kotor kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon
Bawang Putih kon ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
* Bawang Putih teka
Bawang
Putih : Nggih
bu, wonten napa?
Ibu
Tiri : Suwe
tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang
Merah : Ra duwe kuping mbok bu ...
Bawang
Putih : Anu
bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu
Tiri : Alaaah....
alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh, ora ana sing bisa dinggo.
Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora
usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).
Bawang
Merah : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi,
ra kesuen!
* Bawang Putih njiot klambine lan
langsung lunga meng kali, tekan neng kali Bawang Putih ngumbaih klambine Bawang
Merah kalih nembang.
Bawang
Putih : Jejel
nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye (selendange
kendang).
Pangeran : (ngrungokna
suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng ngrungokake). Wah suarane
merdu tenan... sapa ya iku?
* Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung
Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang
Putih : Ibu
....
Ibu
Kandung : Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe
bakal nemuake kebungahan.
* Ujug-ujug bayangan iku lunga
Bawang
Putih : Aneh,
iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh, aku kudu
cepet-cepet bali.
Pangeran : (nemokake
selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing nembang mau. Aku kudu
mbalekna.
* Nalika Baang Putih nglewati hutan,
Bawang Putih ketemu seorang peri.
Peri : Cah
ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe kepengin
nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko meng ujung kali neng hutan iki
....
Bawang
Putih : Tenanan
peri?
Peri : Ngandelo,
kowe bakalan nemu kebungahan (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang
Putih : Peri
.... (langsung bali meng umah).
* Tekan umah Bawang Putih mbalekna
klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.
Bawang
Merah : Ihhh .... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi?
kowe nyolong ya?
Ibu
Tiri : Bawang
Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong? kowe kirangan gombal ya,
ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin ngerti, kowe kudu mbalekna
selendang iku!
Bawang
Putih : Anu
bu, selendangipun kendang kegawa banyu.
Ibu
Tiri : Alesan,
wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu geleme selendang
iku mbalek.
Bawang
Merah : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu
Tiri : Wis
nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.
* Bawang Putih meng kamar lan nangis
ngantek klalen turu
* Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune
Ibu
Kandung : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?
Bawang
Putih : Mboten
napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu
Kandung : Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
* Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes
turune karo ngomong
Bawang
Putih : Neng
ndi kebungahan iku bu?
* Dina sesuke
Ibu
Tiri : Putih
....
Bawang
Putih : Napa
bu .... (njekel sapu)
Ibu
Tiri : Wis
beres-beres umah runga? Diresik!
Bawang
Putih : Niki
seg nyapu bu.
Ibu
Tiri : Ya
wis, sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing ilang! Cepetan. ora
usah lelet, kaya keong bae.
Bawang
Putih : Nggih
bu ....
* Bawang Putih meng kali nggoleti selendang
iku
Pangeran : Napa
iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang
Putih : Nggih,
niki selendangku ingkang ical.
Pangeran : Sapa
asmamu cah ayu?
Bawang
Putih : Bawang
Putih, Pangeran.
Pangeran : Bawang
Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.
Bawang
Putih : Tenanan
...
Pangeran : Tenanan,
aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.
Bawang
Putih : Nanging,
kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran : Nggih,
kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.
* Bawang Putih lan Pangeran meng umah.
Tekan umah ....
Ibu
Tiri : Bawang
Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang
Merah : Ndi selendangku?
Bawang
Putih : Iki
mba ...
Pangeran : Bu,
kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.
Bawang
Merah : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang
Putih : Nanging
mba .......
Bawang
Merah : Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu
Tiri : Iya,
enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah kiye maning?
Pangeran : Wis-wis,
kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.
Bawang
Putih : Tenanan?
Matur nuwun Pangeranku.
Pangeran : Iya
Bawang Putih ...
Akhire
Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.